Ing sangareping omahku ana gang kampung sing jembare udakara patang meteran. Ora amba nanging bisa kanggo pethukan mobil. Yen ana mobil pethukan karo truk, salah siji kudu ngalah dhisik.
Wiwit esuk nganti sore tansah ana kang liwat ing dalan mau. Ana kang mlaku, ana kang numpak motor. Lan ana uga kang numpak mobil.
Biyasane, aku ana pinggir dalan mau saperlu ngrumat taneman sayur. Ana bayem brasil, lombok, tomat, tela rambat, lan kenikir. Ana uga taneman kembang upamane aglonema.
Wong kang liwat mau ana sing arep sekolah ana kang arep nyambut gawe ana kang dodolan. Wong-wong mau ana kang mandheg sedela, sapa aruh karo aku.
Lha, sing arep dakcritakake ing kene tangkepku marang wong sing dodolan mau.
“Jamblang …! Jamblang …!” Mangkono unine tukang sega jamblang, salah sijine wong sing dodolan.
Sega iki kondhang banget. Akeh wong kang seneng.
Ora let suwe banjur ana sing tawa, “Sul sapatu …. Sul sapatu ….”
Kasusul, “Tahu … tarahu.”
Wong sing dodol tahu goreng numpak motor utawa mobil.
Thok … thok … thok! Thuthukane wong dodol sega docang, yaiku sega nganggo sayur saka godhong mbayung, orek, lan kecambah utawa thokolan.
Isih ana bakul-bakul liyane.
Sing dodol ana sing isih enom, akeh uga sing wis sepuh, sing kudune wis leren makarya nanging tetep nyambut gawe amarga kahanan.
Para pedagang mau yen liwat ana ngarep omahku mandheg sedhela. Omong-omong karo aku banjur mangkat maneh nerusake laku golek pangupa jiwa.
Nalika wong mau pamit, aku mesti kandha, “Laris … laris … laris …. Muga tansah sehat Bapak, Ibu, lan laris.”
Sorene, wong mau yen liwat maneh arep mulih, aku takon, “Piye dina iki?”
“Alhamdulillah, Pak. Matur nuwun dongane,” wangsulane. Ateges, dina iku rejekinya lancar.
Ana maneh njawab, “Disyukuri wae, Pak.” Ateges, dina iku kurang laris. Jroning ati, aku melu sedhih.
Aku mau mung kandha “laris, laris” ewa dene dianggep pandonga. Yen mangkono aku kudu tansah omong sing apik supaya nggawa pikoleh kang apik.
Awit tutukku bisa ngluhurake Pangeran, nanging uga bisa kanggo ngasorake pepadha. Ajining dhiri saka ing lathi.
Aku uga ndedonga kanggo para sedulur sing nyambut gawe mau, sing ora tau kendhat golek pangupajiwa. “Gusti, mugi para sedherek wau tansah pinaringan bagas kuwarasan lan rejeki cekap,” mangkono pandongaku.
Para sedulur mau minangka pahlawan kanggo kulawargane sing tansah makarya supaya kulawargane bisa mangan.
Gusti Asih Tresna.




