Filosofi lan Makna Omah Tradhisional Jawa
Omah tradhisional Jawa asring diarani omah, manawa ditlusur saka wujud tembunge, asal-muasale ing bukune Filosofi Rumah Tradisional Jawa anggitan Asti Musman, ( 2022), dikandhakake saka tembung om lan mah.
Om ditegesi angkasa, duweni asipat lanang, sarta mah sing tegese lemah sing nduweni asipat wadon. Omah ditegesi nduweni makna lan asring disebut Bapa Angkasa lan Ibu Pertiwi, utawa Ibu bumi.
Lelorone mujudake pasangan sejodho kanggo nyengkuyung siji lan sijine. Tumrap wong Jawa umume omah uga asring disebut wisma, sing mujudake simbol harkat, sarta nuduhake martabat saka kasampurnaning urip manungsa. Ing kene “omah” dadi simbol asal- muasale
uripe manungsa ing donya, yakuwi bakal bali ( mulih) sowan marak mqarang Gusti sing anggadhahi urip sejati, krana kasedan jati.
Sacara umum kanthi anane omah, pawongan mau bakal saya sengkut makarya kanggo nyukupi kaluwargane selaras profesi sing dilakoni. Kanthi sengkut makarya, mratandhani anane rasa bekti marang kaluwarga, lan iki sayektine uga wujud bakti marang Gusti sing Amurbeng Dumadi.
Cakrik Omah Jawa
Ing omah mau, kanggone kaluwarga Jawa umume uga kanggo ndidik rasa sosial lan nggulawenthah kulawarga mudha sing ana. Saka kene dikandhake manawa kulawarga kudu dibangun lan dijumbuhake selaras lingkungane, wusana anane keselarasan bisa kajangka.
Omah sabenere uga papan kanggo medhar ilmu tumrap para kaluwarga mudha minangka peneruse. Kaya ilmu sosial, tehnik, ekonomi, kapitayan, kabudayan lan isih akeh liyane.
Wujud omah Jawa, kang katon asring bisa dimangerteni saka cakrik ( wujud) payone sing akeh manganggo filosofi saka wujud gunung ing payone omah. Babagan wujud payone, uga bisa nandakake status sosial sing nglenggahi dalem mau.
Dicritakke manawa ing mula bukane miturut sejarah, filosofi payone omah Jawa racake payone wujude tajug ( wujude bunder) sing mralambangke wujude gunung.
Aneng perkembangan sakteruse payon tajug, dadi awujud joglo ( tajug loro ; saka penggabungan tajug cacah loro). Aneng sabanjure sacara prasaja payon mau asring tinemu saiki awujud payon sing diarani cakrik limasan, lan cakrik kampung.
Tetuwuhan lan Filosofine tumrap Omah Jawa
Ngrembug ngenani tetuwuhan, sing ngandhut filosofi tumraping bebrayan Jawa. Minangka pasren omah umume, sing tujuwane kanggo genepi pembangunan omah mengkone, lan minangka paru-paru alami, ana maneka warna.
Kaya uwit sawo kecik, simbol supaya lelaku becik, kembang soka, kambil gadhing sing ngemu teges anane panyuwunan marang kautaman urip. Pepaya utawa kates, wujud simbole kanthi anane tatu ing gagange uwit, manawa wis gagange wis tiba. Wose supaya ora ngeling-eling bab kang gawe tatu (lara) sajrone urip, ananging golekana katentreman sawutuhe ing bebrayan agung.
Jumbuh babagan omah tumrap bebrayan Jawa, ing jaman kawuri ngenani maneka srana sing dienggo ing upacarane manawa ngedegke omah. Salah sijine milih papan kang laras kanggo ngedegake omah, pathokan dina kang cocog, papan kanggo ngedegake omah. Nganti tekan wewaler sing kudu dingerteni nalikane arep ngedegke omah. Pemilihan kayu kang cocog kanggo mbangun bale griya uga di rembug lan isih akeh liyane.
Tumrap masarakat Jawa jaman kawuri mono, ora lali asring uga ngingu manuk ocehan kang aran manuk kutut utawa perkutut. Manuk kutut, asring dienggo minangka lambang tumrape wong Jawa.
Sing nduweni simbol sarta anduweni nilai luhur, sing ngingu racake dilakoni dening keluwarga bangsawan, panggedhene masarakat, tokoh pamarentahan sarta saudagar sugih. Lire, tumrap masarakat Jawa, hobi ngingu manuk kutut Iki bisa antuk katentrenaning ati, krana anggunge manuk mau.
Mula ora mokal malah manuk kutut asring kanggo lomba minangka nyalurake kasenengan mau. Saweneh panemu mratelakake manawa manuk perkutut bisa nambahi katentreman mligi, sarta ayem ing pikir lan bisa gawe gumbirane manah pawongan sing anduweni, amarga sifat kamanungsan, akarana bisa sesambungan klawan alam secara langsung. Malah ana sing nduweni panganggep manawa manuk kutut mau bisa gawe pengaruh apik ing urip marang sing anduweni manawa /ngrumat manuk mau.
Pasinaon para Mudha
Tulisan iki mbok manawa amung arep nuduhake kawruh mirunggan ngenani theg- kliwere kabudayan Jawa, mligine babagan filosofis kang magepokan omah Jawa, sing pranyata anduweni saweneh kabudayan kang duweni ciri khas lan keunggulan, kepara beda saka kabudayan liya.
Iki satemene bisa dadi pasinaon kanggone para mudha, saka kaluwihan kabudayan Indonesia sing maneka warna mau, sing wajib tansah kita pepetri ing jaman sing wis akeh ninggalake marang kapribaden unggul kang sayekti. Kang tundhone bisa kanggo sinau / (literasi) apadene kaca benggala marang penerus ing samengkone, sijine kareben ora ilang kepara tetep ngrembaka. Sumangga.
Danan Murdyantoro




