Dhuwit Cilik

Seninjong256 Views

Halalbihalal ing Karang Klethak. Petruk, Gareng, Bagong, lan Semar sawise padha maap-maapan, sepura-sepuranan. Ora kari, Mbok Cangik lan Mbak Limbuk ya melu silaturahmi. Sinambi ngedhapi suguhan lemper, keciput, semprit, lan teh anget, banjur padha ngobrol, mrana-mrene. 

Gandheng ora cetha apa sing kudu dadi undering rembug, Petruk ujug-ujug takon, “Menungsa ing alam donya mesthi kesandhangan prekara. Miturut kowe, apa sing paling dadi sandhangane prekara iku?”

Kabeh meneng. Sajak isih mikir-mikir wangsulane. Selak ora sabar, Petruk banjur mangsuli dhewe pitakonane. “Miturut aku, kaya-kaya ora ana liya sing bisa dadi sumbering prekara kejaba dhuwit.”

“Lho kok dhuwit, Truk? Kepriye larah-larahe?” Bagong lan Gareng takon bebarengan.

“Wangsulane ora usah nganggo teori. Yen teori, mesthi bisa dieyeli. Dakcritani wae, mengko rak katon cetha, menawa dhuwit iku pancen sumbering prekara,” ujare Petruk, karo terus ngudharake critane.

Samangsa Pasa kepungkur, ana wewarta mengkene. Kedadiyane ing wilayah Manyaran, Semarang. Ana pegawe bank nagih utang marang salah sawijining ibu. Tagihane sajane  ora akeh, mung Rp50.000,00. Ibu mau ora duwe dhuwit cukup kanggo nyaur utange. Duwene mung Rp20.000,00. Sing nagih nulak, ora gelem nampani, tetep njaluk utang Rp50.000,00 dilunasi kabeh. Ibu mau pancen ora bisa njangkepi, bisane nyaur ya mung Rp20.000,00 iku. Tundhone, padha regejegan, eyel-eyelan, lan ribut mung amarga duwit utangan seket ewu.

Garwane ibu mau lagi turu. Banjur tangi amarga kebrebeken. Dheweke lagi nglakoni pasa. Mula kanthi sabar lan sareh, dheweke nyuwun, kersaa nampa dhisik dhuwit 20 ewu iku, sesuk, kurangane sing 30 ewu arep disaurke. Sing nagih panggah ora nrima, bisa ora bisa kudu dijangkepi dina iki. 

Garwane ibu mau nyoba terus sabar, gandheng dheweke lagi pasa. Ning amarga sing nagih tetep ngeyel, dheweke banjur emosi, kentekan sabar. Dheweke banjur nyandhak clurit, nuli disabetake ing tangane wong sing nagih. Sing nagih tatu tangane, kepeksa terus mlayu menyang rumah sakit. Sabanjure dheweke terus lapur ing kantor pulisi. Pungkase, bojone ibu mau kudu urusan karo pulisi, lan ditahan ing sel kantor pulisi.

“O ala, prekara dhuwit cilik seket ewu wae kok banjur dadi urusan karo pulisi. Mesakake, mbeneri pasa-pasa meneh,” Mbok Cangik nyuwara melas.

“Minangka wong wedok, aku bisa ngrasakake abote ibu mau. Yen ora bisa nyaur iku pancen ya amarga ora duwe dhuwit babar pisan. Dudu arep ngapusi. Butuhe urip omah-omah iku akeh, bisa kelakon utang seket ewu wae ora bisa nyauri,” unine Mbak Limbuk.

“Sokur kowe bisa ngrasakake. Ya iku jalarane aku arep crita. Mbok yo wis, wong prekarane mung duwit seket ewu,” Petruk negesi critane.

“Ngono kuwi, Truk, nasibe wong cilik. Blas kaya ora mlebu nalar,” Bagong melu nggresula.

“Ning, miturut pengiraku, anggone Petruk crita prekara dhuwit cilik iku ngemu karep sing luwih jero,” Gareng nguruni rembug.

“Bener, Kang Gareng, ya gene kowe kok bisa nggrayangi karepku. Coba kandhake pangiramu iku,” ujare Petruk.

“Petruk iku sakjane arep ngritik kahanan sing murugake wong getem-getem. Prekara dhuwit cilik ing Semarang iku kedadayane mbarengi prekara korupsi tambang BUMN PT Timah Tbk. sing gedhene Rp. 271 triliun. Pelakune nambang timah sacara ilegal, nglanggar hukum lan aturan.

Korupsi semana gedhene iku durung klebu kerugiane masarakat amarga penambangan iku ngrusak lan ngejur-ejur lingkungan entek-entekan. Apa iki dudu sasmitane jaman? Sing siji, prekara dhuwit seket ewu wae wis ujug-ujug dadi urusane pulisi. Sing liyane, ngeruk dhuwite negara lan rakyat nganti triliyunan suwe anggone konangan,” Gareng ngudarasa.

“Rasa keadilanku kaya diiris-iris ngrungokake kabeh mau. Sing gawe miris rasaku, kok tekan lan tega-tegane dhuwit korupsi iku dienggo urip mewah-mewahan, mubyar-mubyur. Cara lan gaya uripe sing korupsi karo kaluwargane kaya urip ing impen. Omahe mbuh pira regane, mobile merek sing paling dhuwur lan larang, senengane piknik luar negeri. Jebul iku kabeh saka dhuwit korupsi triliyunan mau. Kok nganti ana kedadeyan mangkono kuwi,” ujare Bagong mangkel.

“Lha iya, apa wong-wong sugih amarga korupsi iku ora nate nyawang babar pisan, kepriye rekasane golek dhuwit tumrape wong cilik, nganti amarga dhuwit cilik seket ewu mau urusane dadi ditahan ing kantor pulisi?” Petruk isih nambahe mangkele. 

“Bener, iku mau pancen sasmitane jaman,” sumambunge Kyaine Semar. “Kanggone wong cilik lan kesrakat, dhuwit cilik ajine gedhe. Kanggone wong gedhe lan mblegedhu sugihe, dhuwit gedhe lan pirang-pirang kaya ora ajine. Wong cilik memet anggone ngecakake dhuwit kanggo urip, nganti utang seket ewu wae ora bisa nyaur. Wong gedhe lan sugih, dhuwit kaya dibuwang-buwang tanpa aji, dinggo urip royal ropyan-ropyan tanpa ukuran. Ning, elinga, tumrap wong cilik, anggone golek dhuwit direwangi adus kringet awan mbengi, senajan entuke dhuwit mung setithik. Iku sing diarani luhur lan mulya. Kosok baline, kepriye anggonku bisa ngajeni lan ngarani luhur mulya marang wong sugih, yen sugihe jebule saka korupsi, kaya wong sing korupsi tambang timah iku? Ayo sasmita iku dilelimbang dhewe-dhewe, amrih becik lan apike uripku lan uripe bangsaku.”

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

News Feed